Page 1 - Pertemuan 1 Unggah ungguh basa Jawa
P. 1

Materi 1  Unggah ungguh basa Jawa

               Unggah ungguh basa lan tatakrama kuwi wigati kanggo pasrawungan ing bebrayan.
               Unggah ungguh bisa ndadekake wong siji lan sijine padha ngajeni, ngurmati lan tepa
               salira.  Saliyane  unggah  ungguh  uga magepokan  karo  tindak  tanduk,  tumindak  lan
               pangucaping  tiyang  ing  pasrawungan.  Unggah-ungguh  kang  ditindakake  bisa
               mupangati kanggo wong liya, antarane :


                   a.  Bisa nggawa tumuju marang kabecikan
                   b.  Bisa nggawa tumuju marang katentreman
                   c.  Bisa nggawa tumuju marang karaharjan lan kabagyan
                   d.  Bisa disenengi utawa diajeni dening wong liya
                   e.  Bisa diurmati dening wong liya ora sakepenake dhewe
                   f.  Bisa nyegah seriking liyan marang awake dhewe


               Nindakake unggah ungguh uga kudu nggatekake rasa kang tulus, ikhlas, legawa lan
               kanthi rasa kang seneng, ora merga kepeksa.  Nindakake unggah ungguh uga ora
               amarga  kepingin  dialem  utawa  diurmati  dening  wong  liya.  Unggah  ungguh  uga
               katindakake ing sadhengah papan, kapan wae, lan kanggo sopo wae.


               Mula  unggah  ungguh  basa  bisa  ditegesi  tata  krama,  aturan,  sopan  santun  utawa
               paugeran  kang  disetujoni  dening  masarakat.  Miturut  Bausastra  Jawa,  unggah
               ungguh  basa  yaiku  tata  pranataning  basa  miturut  lungguhe  tatakrama.  Tatakrama
               yaiku  kadadeyan  saka  tembung  tata  kang  tegese  becik  pangetrapane  lan  krama
               kang  tegese  pratingkah  utawa  tatrap.  Dadi  tembung  unggah-ungguh  utawa
               tatakrama yaiku pangetraping patrap utawa pratingkah kang becik. Kang cak-cakane
               dikantheni basa kang becik.

               Ing basa Jawa unggah-ungguh basa kaperang dadi loro yaiku basa ngoko lang basa
               krama.

                1.  Basa Ngoko kaperang dadi loro yaiku basa ngoko lugu lan basa ngoko alus.

               Basa Ngoko lugu                             Basa ngoko alus
               Basa ngoko lugu yaiku basa kang             Basa ngoko alus yaiku basa kang
               tetembungane nganggo basa ngoko             tetembungane nganggo basa ngoko lan
               kabeh.                                      kacampuran basa krama.

               Titikane yaiku basa kang dinggo kabeh  Titikane yaiku tembung kang nganggo
               basa ngoko.                                 krama yaiku tembung kriya (kata kerja)
                                                           lan tembung “kowe” diowahi dadi
               Panganggone basa ngoko lugu :               “panjenengan”.
                  guneman antarane wong tuwa
                    marang wong kang luwih enom            Panganggone basa ngoko alus:
                    (wong tuwa marang anake,                  guneman ing pasrawungane wong
                    mbakyu marang adhine, guru                  dewasa utawa wong tuwa marang
                    marang muride)                              kang wis kulino banget.
                   guneman karo pepadhane kang               Wong tuwa marang wong kang luwih
   1   2   3   4