Page 2 - e-modul Crita Pengalaman
P. 2

Atur Pangiring





                        Puji syukur konjuk wonten Ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang tansah paring kanugrahan
                 bagas kasarasan dhumateng kita sami, satemah modul pengamping bahan ajar menika saged karacik.
                        Modul bahan ajar menika karacik adhedhasar Kurikulum Muatan Lokal Wajib Basa Jawa, Peraturan
                 Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta No. 64 Tahun 2013 babagan Mata Pelajaran Basa Jawa minangka
                 Muatan Lokal wajib ing SMP/ MTs.
                        Mugi kanthi pengamping bahan ajar menika, para siswa saged langkung gampil nyinau wulangan basa
                 Jawa mliginipun bab Crita Pengalaman, amargi modul menika saged dipunginakaken wonten android. Modul
                 menika katujokaken dhateng siswa kelas VII ing MTsN 9 Bantul utawi madrasah sanesipun. Ing modul menika
                 kaandhut materi, video, ugi soal-soal latihan arupi kuis interaktif.
                        Panyerat ngrumaosi bilih pengamping bahan ajar menika taksih kirang malah kepara tebih saking
                 sampurna. Pramila panyerat nyuwun agunging pangaksami mbokbilih damel kuciwaning penggalih. Panyerat
                 tansah mawantu-wantu pamrayogi lan panyaruwe saking panjenengan sami.
                        Matur nuwun.


                                                                                                              Panyerat


                                                                                                            Nita Yuniati, S. Pd.


                                                                                                                                       02
   1   2   3   4   5   6   7