Page 23 - e-modul pdf
P. 23
wusasane tembang
MIJIL
Pa yo kanca bareng ngudi ngelmi
mumpung isih anom
ja katungkul gegojegan wae
bapak ibu guru wus maringi besok lamun wus dewasa akhir
kawruh kang sayekti nemoni pakewuh
ageng gunanipun
bisa rampung tan krungu sambate
yeku aran mandhireng pribadi
malah murakapi
bebrayan sadarum
SURASANE TEMBANG
Golek nglemu iku kuwajiban kanggone wong enom. aja
mung ketungkul/keron karo seneng-seneng utawa
geguyonan. Bapak ibu guru peparing ilmu kang nyata
gede guna paedahe ing besuke. Wong kang duwe ngelmu ,
besuk yen wis akhir diwasa bakal bisa ngrampungi
sakabehe bot kerepotan ( kangelan) uripe. Ora bakal
nggresah , sambat marang sapa wae amraga bisa
ngrampungi dhewe perkarane dhewe tanpa njagaake
pitulungan wong liya. Wong kang akeh ngelmune kajaba
migunani uga bisa ngratani lan migunani tumrape
bebrayan/masyarakat sakiwa tengene.