Page 104 - Candu Pena
P. 104

kanca-kancane. “Mengko  asil  diskusine kabari  aku  neh

          ya”, katrangane Firman.


                 Sawise  kabeh  rencana  kasusun  kanthi  apik,


          minggu esuk kang endah wwong papat kasebut makumpul

          ing  Ranu  Pani  ing  jam  07.00  esuk.  Sawise  nyiapake

          persiapan barang-barang lan bahan panganan, jam 08.00

          esuk  dheweke  kabeh  budhal  munggah  ngliwati  jalur

          pendakian bareng-bareng. Ing dalan pinuju pos 1 lan 2,

          wong  papat  kasebut  lumaku  kanthi  lancar.  Nanging

          nalika ninggalake pos 2 lan tekan ana pos 3, Sayo keri


          adoh  ing  mburi  tanpa  ana  kang  eling.  "Lohhh  Sayoo

          nandiii?",  takon  Firman  karo  kedandapan.  Wong  telu

          kasebut kedandapan  amarga  Sayo  wis  ora  ana  bareng

          dheweke kabeh. Dheweke kabeh mumet arep tumindak

          apa amarga lakune wis luwih saka setengahing dalan.


                 Pungkasane  dheweke  kabeh  mutusake  kanggo

          ngenteni Sayo tekan menyang pos 3. Ing pos kaping telu,

          dheweke  kabeh  ngedegake  tenda  kanggo

                                                                  93
   99   100   101   102   103   104   105   106   107   108   109