Page 185 - Candu Pena
P. 185

Nalika isih ngaso, bocah loro iku ketemu salah siji

          petani  yaiku,  Pak  Cipto.  Kringete  katon  dleweran  ing


          pilingane. Pak Cipto merlokake leren. Apa maneh panase

          srengenge kang sumelet kaya ora direwes.


              “Pak  Cipto,  panjenengan  napa  mboten  kendel

              sekedap?  Sampun  kala  wau  njenengan  nyambut

              damel. Ngaso rumiyin?”, pitakone Tiwi.

              “Iya, nak. Mengko aku mrono,” bales Pak Cipto.


                 Pak  Cipto  banjur  leren,  Tiwi  lan  Sam  nawarake


          panganan.  Pak  Cipto  awake  wis  sepuh,  kulite  cemeng

          kena cahyane srengenge lan katon kuru kaya-kaya kari

          lunglit.

                 Sam  nyawang  Pak  Cipto  karo  rasa  mesakake.

          Dheweke penasaran nyapo Pak Cipto wis sepuh, nanging

          kok isih purun nyambut gawe ing sawah dadi petani. Pak

          Cipto bisa golek penggawean sing luwih gampang.







            174           Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   180   181   182   183   184   185   186   187   188   189