Page 43 - Candu Pena
P. 43

“Pak… pak… minggir pak…” ucap Kaysan kaget karo

              mbengok.


          Gedubrukkkk…  tenggg….  trenggg…  Rombong  jamu


          kang lagi disorong dening bapak penjual  mau nabrak

          lan dagangane padha kececeran ana ing dalan. Kaysan

          lan Faqih gage-gage nekani bapak adol jamu kasebut

          karo perasaan wedi lan klimputan.


              “piye tha le… dhodholan bapak dadi nublek kabeh

              ora bisa didhol maneh”, ucap bapak penjual jamu


              kang ditabrak dening kaysan.

              “Kula  nyuwun  pangapunten  pak,  kula  wau  mboten

              ketinngal  njenengan”,  wangsulane  Kaysan  karo

              klimputan.

              “mangkane  yen  gawa  montor  aja  banter-banter,

              banjur  yen  wis  mengkene  dagangane  bapak

              kepriye?”, tuture bapak karo nada bengis.

              “kula nyuwun pangapunten pak, kula sampun lepat,

                   kula saguh tanggung-jawab” jawab kaysan.

            32            Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   38   39   40   41   42   43   44   45   46   47   48