Page 6 - Candu Pena
P. 6

ATUR PAMBAGYA
                             KEPALA MADRASAH




                  Alhamdulillahirrobbilalamin,  agunging  panuwun

           dhumateng  Gusti  Allah  SWT  ingkang  Maha  Agung,
           sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayahipun
           panyusun  saged  ngrampungaken  anggenipun  nyusun
           buku Candu Pena.

                  Drs.  Achmad  Saifullah,  M.Pd.I  Kepala  Madrasah
           Tsanawiyah  Negeri  1  Sidoarjo  ngucapaken  matur
           nembah  nuwun  lan  apresiasi  kangge  panyerat,

           Fatimatuz  Zahro  lan  siswa-siswi  sampun  purun
           nyisihaken  wekdalipun  kangge  nyerat  buku  ing
           satengahing  kesibukanipun  belajar  mengajar.  Buku
           Candu Pena menika salah satunggaling wujud gerakan

           literasi madrasah kanthi tema Menyongsong Masa Depan
           Bangsa dengan  Penguatan Bahasa, Sastra dan Budaya
           untuk membangun Indonesia Berintelektual. Buku punika

           isinipun  saged  paring  bingahipun  panggalih,  motivasi
           pamaos  ugi  paring  informasi-informasi  ingkang  sae.
           Peserta  didik  ugi  saged  eksplorasi  informasi  ingkang

           sampun diwaos sarta angsal pengalaman sinau ingkang
           ngremenaken.


                                        v
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11