Page 21 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 21
UNGGUL 15
GLOSARIUM
Daring (Dalam Jaringan)
Sawijining cara kagem srawung kaliyan tiyang sanes lumantar media online supados saged paring
pangertosan tartamtu
E-mail
Piranti kangge ngintun saha nampi serat lumantar jaringan komputer (internet)
Instrumen
Piranti ingkang dipunangge nindakaken sawijining padamelan tartamtu
Integrasi
Sawijining sistem ingkang nyawiji dados setunggal ingkang wetah
Interkoneksi
Sesambetan dening tiyang setunggal kaliyan tiyang sanesipun
Internet
Sistem jaringan komputer ingkang gayut kaliyan informasi global kanthi migunakaken protokol
internet. Ginanipun kangge mbangun perangkat dumugi negara manca
Luring (Luar Jaringan)
Sawijining cara kagem srawung kaliyan tiyang sanes kanthi langsung ngrembag bab tartamtu
Platform
Papan ingkang dipunginakaken kangge nindakaken software
Transmisi
Sawijining piranti ingkang ngintun sinyal saking pusat (server) dhateng piranti ingkang nampi
(user)
Fitri Nurhayati, S.Pd.

