Page 3 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 3

UNGGUL                                                           iii











                                                                                     Prawacana















                              Bismillahirrahmanirrahim



                              Puji syukur tansah konjuk dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten



                              kanikmatan  mliginipun  nikmat  sehat,  satemah  panganggit  saged  ngrampungaken  e-modul  unggah-


                              ungguh basa Jawa kangge klas VIII kanthi lancar saha boten wonten alangan setunggal menapa.


                              wosipun e-modul punika ngandharaken materi pasinaon ingkang cekak aos satemah pamaos langkung



                              gampil  mangretosi  wosipun  kanthi  cetha.  kegiyatan  wonten  ing  salebeting  e-modul  saha  strategi



                              ingkang badhe dipun-ginakaken sampun ngetrapaken nilai-nilai ingkang dipunkembangaken. Pramila,


                              pamaos  boten  namung  mangretosi  e-modul  minangka  salah  satunggaling  sumber  kangge  sinau,


                              ananging ugi wonten pitutur ingkang dipunandharaken saha dipuncawisaken ing salebeting e-modul



                              punika kangge jangkepi pasinaon.



                              Ingkang  kaping tiga, e-modul punika langkung nengenaken 3 prinsip inggih punika:


                                 1.transmisi antawisipun daring, luring saha lingkungan sumber belajar.


                                 2.interkoneksi antawisipun media kaliyan sumber pasinaon.



                                 3.jumbuhaken nilai-nilai ingkang sae wonten ing pagesangan.



                              Pungkasaning  atur,  panganggit  ngaturaken  sembah  nuwun  dhumateng  sedaya  tiyang  ingkang


                              sampun nyengkuyung anggenipun nyerat e-modul punika. Saha atur pangapunten mbok bilih wonten


                              kalepatan anggenipun nyerat. E-modul punika taksih dereng kawastanan sae, jangkep menapa malih



                              sampurna. Pramila, panganggit nyuwun pamrayogi saha panyaruwe ingkang tumuju amrih langkung



                              sae, jangkep saha sampurnaning e-modul punika. Wasana, mugi e-modul punika saged murakabi.











                                                                                                                                                                            Panganggit











                                                                                                                                                                      Fitri Nurhayati
































































                                                                                                                                                                              Fitri Nurhayati, S.Pd.
   1   2   3   4   5   6   7   8