Page 13 - Paramasastra jawa
P. 13

1. Ukara ganep sakedhikipun kedah wonten jejer lan wasésanipun, sok ugi wonten
                                                       katranganipun.
                                                          Tuladha:
                                                        - Saidi mlaku
                                               - Bocah nakal kaé dolan mrénê.

                                       2. Ukara boten ganep (ukara gothang) kapérang:
                                                    a. gothang jejeripun.
                                                    - rénéya sedhéla baé !
                                                      - Tukokna rokok !
                                                  b. gothang wasésanipun:
                                                       - Sajaké Simin !
                                                       - Dudu Adiku !
                                              c. gothang jejer lan wasésanipun:
                                                        - Kala wingi !
                                                         - isih loro !
                                                           - Ora !

                     3. Ukara rangkep inggih punika ukara ingkang panjang kadadosan saking kalih ukara
                                                   lamba utawi langkung.
                                               Ukara rangkep kapérang malih:
                                                  a. Ukara rangkep sadrajad
                                                          Tuladha:
                                       - Aku nulis, adiku maca buku, simbok olah olah,
                                             - Wong iku gemi, mulané dadi sugih.
                                   - Sepisan dhèwèké sregep, ping pindhoné pancèn pinter.
                                                  b. Ukara rangkep raketan.
                                                          Tuladha:
                                   - Simbok menyang pasar, déné aku kon tunggu warung.
                                  - Siman mbèlèh pitik, adiné mbubuti, simbok kang ngolah.
                              - Dhèk wingi pité isih ditunggangi, dhèk mau wis dicolong uwong.

                                                  c. Ukara rangkep tundha.
                       Wonten ing salebeting ukara tundha wonten baboning ukara, inggih punika ukara
                          ingkang dados undheraning gineman lan wonten gatranipun (anak kalimat).

                                             Gatra wonten pinten – pinten warni:
                                                        a. gatra jejer:
                                         ukara ukara ingkang dados gegentosing jejer,
                                           Guruku ...... , ndukani aku (ukara lamba).
                                           Wong kang mulang | aku | ndukani aku |
                                                            1 2 3
                  1.                      gatra jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang

                                                       b. gatra wasésa:
                                          ukara ingkang dados gegentosing wasésa.
   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18