Page 13 - Bahan ajar crita rakyat
P. 13

Pancadan Pasinaon


                Sapa sing tau maca teks crita rakyat? Crita rakyat pa bae sing nate

        kokwaca? Saben dhaerah mesthi wae duweni maneka wujud crita rakyat. Isi
        saka crita rakyat iku bisa dadi patuladhan apa dene bisa dadi kaca benggala.
        Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ana ing sawijining dhaerah, kaanggep

        minangka asil saka karya kolektif utawa bebarengan, amarga ora dimangerteni
        sapa kang nganggit. Crita rakyat iku wis ana wiwit jaman biyen lan saiki isih

        diwarisake kanthi cara lisan. Ing jaman biyen, crita rakyat iku dadi sarana
        kanggo mulang bab kabecikan marang sapa bae. Para paraga ing crita rakyat
        iku bisa awujud kewan, manungsa, lan dewa.

                Citra rakyat kasebut kacritakake ing maneka warna kahanan, ana ing
        sajroning kumpulan, crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-

        bocah, crita rakyat uga bisa migunani kanggo pendhidikan budi pekerti amarga
        ana  ing  sajroning  citra  kasebut  akeh  pesen-pesen  moral  kang  bisa  dadi
        lantaran nandurake budi pekerti luhur.











        11 | S M P   K E L A S   V I I
   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18