Page 2 - 28 November 2021 Warta Jawa
P. 2
Bangun Kabudayan Nguwongake Liyan lan Tepa Slira
Waosan: Daniel 8 : 1 – 14
Nats: “Nganti pira lawase tumindaking wahyu iki, yaiku kurban dinan lan duraka
kang ngrusak, papan suci kang dipasrahake lan wadyabala kang diidak-idak?” (Ayat
13)
Pepujian saking KPJ. 357 Endahing Saduluran, ing antawisipun wonten
tembung-tembung: beda agama, beda golongan, sami dene ngajeni lan
biyantoni, dhemen sung pangapura, nyirik piala, samya silih ngalah, nadyan
panemu beda, nging tan samya sulaya, lan salajengipun. Pepujian punika
gambaraken gesang ingkang nguwongaken tiyang sanes lan tepa slira,
ingkang dados pepinginan lan gegayuhan kita sami. Ananging
kasunyatanipun nedahaken bilih boten gampil mujudaken pepenginan lan
gegayuhan ingkang adi lan endah punika. Waosan kita ing ayat 9-12
nedahaken kawontenan ingkang lelawanan inggih punika sungu cilik lan
wadya balaning langit. Sungu cilik punika nggambaraken Antiokhus IV, raja
saking Sileukus. Piyambakipun nganiaya tiyang-tiyang Yahudi. Dungkap
pungkasing tahun anggenipun mrentah, Antiokhus IV budidaya ngrisak
agami, adat-istiadat, lan kabudayan Yahudi, ngawisi kurban padinan lan
kurban kurban ing Bait Suci. Ngedegaken mesbah brahala ing Bait Suci
Yerusalem (tahun 167 SM). Punapa ingkang katindakaken dening Antiokhus
IV : wontenipun rekadaya ngrisak agami, adat-istiadat, kabudayan ingkang
benten kaliyan piyambakipun, saged ugi taksih kelampahan ngantos dumugi
samangke. Agami ingkang mesthinipun nenuntun tiyang dhateng tumindak
leres, adil, tresna dhateng sesami, malah kadadosaken dhadhakan
wontenipun cecongkrahan. Adat-istiadat lan kabudayan gesang guyub-rukun,
gotong royong, sangkul-sinangkul ing bot repot, ngajeni, nguwongaken
tiyang sanes, saha tepa slira, dados tumindak intoleransi lan namung mikir
badanipun piyambak, pados untungipun piyambak, lan boten maelu malih
dhateng ngasanes, sing penting aku penak lan kepenak.
Tumrapipun GKJW, bulan November punika mujudaken wulan Budaya. Ing
wulan budaya punika, kula lan panjenengan sami katimbalan gesang ing
salebeting Roh Suci. Karana gesang kita katuntun dening Sang Roh Suci,
gesang kita tansah ngedalaken katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu,
sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya, alusing bebuden, lan bisa
ngemudheni dhiri. Inggih namung srana makaten kita saged bangun
kabudayan nguwongaken tiyang sanes lan tepa slira (toleransi). Amin. [SS].
“Apa sing kok karepake ing bab tumindaking wong marang kowe,
iku iya etrapna marang wong.”