Page 27 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 27
Thukul ing Lemah Nela
Siwa Dara. Kabeh sing ana kono ora ana sing cemuwit,
weruh layone sing sawise kena banyune tempuran salin
rupa dadi putih mulus. Kendhi wis kebak banyu
tempuran, sapungkure iku banyu ing Tempuran Kulon
asat. Kari ninggal wewayangan perih kang kelaran
ucape alam.
“Tengara menika kersa panjenengan Gusti, lan ugi
kagungan panjenengan,” lirih pangucape Kanciludin.
Ngancik Mahgrib kanthi kasunaran ibere Konang.
Layone Ki Siwa Dara nyawiji karo jatine dumadi.
Dipathok kiwa lan tengen, angklo ngembuleng dupa
menyan ngembuleng miyak angkasa, kendhi isi banyu
tempuran temumpang ing punthuk ketelu.
Kabeh padha bali, kari Kanciludin kijenan karo
konang sanga sing aweh cahya ing kono. Nanging
kanggone dheweke, padhange ngalahake wayah rina.
Lungguh manther madhep ngulon, ndedonga mring
Gusti Kang Akarya Jagad uga ngesok sambat yen
tempuran iku ora mung Tempuran Wetan lan Kulon
nanging isih ana tempuran-tempuran liyane maneh.
Tangane mithet dlamakan tengen supaya getih
sing mampet metu maneh. Dheweke ngranggeh
godhong garing sing kemleyang ceblok ing sandhinge
kanggo adhah getihe. Sithik-sithik dheweke ndulit
getih kanggo nulis jenenge Ki Siwa Dara ing pathok
sisih tengen. Lan nulis ing awang-awang, “aku sing
kudu mbacutake tempuran candhake.”
dQD
19 | Menyang Tempuran