Page 94 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 94
Thukul ing Lemah Nela
neka-neka, najan sekolah arang-arang sangu ya ora
nate nggrundel. Budhal sekolah ana sing kanggo
sarapan dipangan, ora ana ya ora apa-apa. Kejaba
manut anake ya klebu bocah sing pinter, anake babar
pisan ora nduwe rasa minder. Mula guru-gurune padha
seneng marang anake lanang kuwi.
Esuke sadurunge budhal buruh neng sawah,
dheweke nguntabne anake budhal sekolah. Sundhul
langit pandongane marang anake lanang, muga-muga
Gusti paring idi marang anake murih bisa migunani ing
tembe.
Sawise ngenebake lawang dheweke budhal me-
nyang sawah. Karo mlaku liwat dalan sapecak kidul
kali, dheweke kelingan sing lanang. Umpama ah
umpama bapake Rama isih urip, ngono batine. Ora
krasa luhe netes. Nanging piye maneh, iki pancen wis
ginaris. Iki garis uripku. Age-age luhe diusapi sawise
tekan panggonan kanggo nyambut gawe.
Nalika pas wanci entuk jatah kiriman awan, sing
dipangan mung sega lan jangan gori. Tempe loro lan
endhog dadar separo sing dadi jatahe dibuntel godhong
gedhang dislempitake neng gedheg gubug. Karepe ati
kanggo lawuh anake sing neng omah.
“Awas nek eneng semut, Yu,” Lik Karto kanca
buruh elik-elik marang Sarmi.
“Ora-ora, Yu. Apa mentala semut arep ngrubung
buntelan kuwi. Apa ora mesakake aku lan anakku,”
kandhane karo ngadeg arep miwiti matun suket.
Awan iku Rama bali saka sekolahan, kaya adat
saben yen ibuke ora neng omah mesthi ninggal
cathetan neng meja. Diwaca yen ibuke dikongkon
adang neng Bu Lasmi tanggane sing arep syukuran
merga anake ditampa dadi pegawe negeri.
Supriyoko | 86