Page 14 - PERISTIWA BUDAYA
P. 14
TULADHA
Kairing lumakune wektu lan kemajuaning jaman, saiki tari Remo uga
ditindakake dening paraga putri, saengga ana istilah “tari Remo
gaya putri”. Tata laku lan olah beksan ing antarane tari Remo gaya
putri lan gaya priya utawa putra ora ana bedane. Padha-padha
ngepyakake karaktere tari Remo kang punjere ing obah osike sikil
sing rempeg rampak, rikat, cukat, lan dinamis.
(Widya Basa Jawa Kelas 7 Kaca 8)