Page 34 - buku digital kelas 9 sem 2_Neat
P. 34

88.  Rudi  : Pokoke kula pengin PS3. Rudi bosen pak, sinau terus (ngalih,
                                mlayu  menyang  kamar,  banjur  keprungu       suara  lawang
                                dibanting).
                   89.  Bapak  : Kena apa ya buk, Rudi kok dadi kaya ngono?
                   90.  Ibu     :  Aku  ya  ora  ngerti  pak…  wong  biasane  ya  ora  tau  njaluk
                                barang sing neka-neka.
                   91.  Bapak  : Oya… buk, iki wis jam setengah lima. Bapak ana perlu ing
                                omahe kang Parmin (pamit ibu, karsa banjur ngalih).
                   92.  Ibu     : Ati-ati, pak! (mlebu omah, nututi Rudi ing kamar)

                   Adegan 3
                     Rudi isih katon ngresula. Mulane, mulih sekolah dheweke ora langsung
                     mulih, nanging isih leyeh-leyeh ing sacedhake wit gedhe. Banjur ana
                     salah sawijining kancane sing lagi teka.

                   93.  Yoyok  : Lho Rud, nyapo kok isih meneng wae ing kene?
                   94.  Rudi  : Ora nyapapa Yok. Aku mung kesel wae, pengin leren (njajal
                                ngguyu, nanging nguyune katon kepeksa).
                   95.  Yoyok  : Halah… ngaku wae ta Rud! Saka ngguyumu iku wae lho wis
                                katon.
                   96.  Rudi    : Iya Yok…, pinter. Aku pancen lagi mangkel karo bapakku.
                   97.  Yoyok  : Lha mangkel kena apa?
                   98.  Rudi  :  (unjal  ambegan  jero).  Bapakku  ora  gelem  nukokake  aku
                                PS3.  Kamangka  aku  pengin  banget.  Jarene  mengko  bakal
                                ganggu olehku sinau.
                   99.  Yoyok  : Ha… Ha… (ngguyu pongah).
                   100.  Rudi  : Kok awakmu guyu ta Yok?
                   101.  Yoyok: Ya iya ta Rud. Mosok gara-gara perkara sepele kaya ngono
                                wae,  awakmu  susah.  Ora  ditukokake  PS3  ya  tuku  dhewe.
                                Gampang ta?
                   102.  Rudi : Lha terus entuke dhuwit saka ngendi? Regane PS3 kan larang?
                   103.  Yoyok: Wis, gak usah dipikir, mengko takwarahi carane golek dhuwit
                                cepet. Saiki ayo padha melu aku… (ngadeg).
                   104.  Rudi   : Ing ngendi?
                   105.  Yoyok : Tak, kenalake… wong sing bakal marahi awakmu golek dhuwit
                                cepet. Ayo! (Rudi banjur ngadeg, sak banjure mlaku, lagi rong
                                jangkah Rudi kepethuk Tomo).
                   106.  Tomo  : Hai…  Rud, arep menyang endi?
                   107.  Rudi   : (mandheg) Melu Yoyok…
                   108.  Tomo  : (nggered Rudi). Rud, awakmu wis kenal Yoyok apa durung?
                                Sing ati-ati wae. Krungu-krungu dheweke iku bocah sing ora
                                bener.
   29   30   31   32   33   34   35   36   37   38   39