Page 10 - MODUL INTERAKTIF BAHASA DAERAH X SMA NEGERI 3 BATU SRI NURHAYANA
P. 10

KEGIYATAN 2




                      TUGAS INDIVIDU.



                       01                    Wacanen artikel ing ngisor iki!
  PETUNJUK

                      02                     Sawise rampung anggonmu maca wacan “DEMAM
                                             BERDARAH” banjur ringkesen teks artikel kasebut!


                                                  DEMAM BERDARAH



         Demam berdarah salah santunggaling penyakit membayani ingkang ditularaken

        saking  nyamuk  Aidest  Aegepthy.  Gejalanipun  demam  berdarah  inggih  menika
        badan  panas,  mboten  nafsu  dhahar,  lan  onten  plenthing-plnthing  abrit  wonten

        ing  kulit.  Tiyang  ingkang  gampang  kengeng  pnyakit  demam  berdarah  inggih

        menika tiyang alit karana daya tahan badanipun dereng pathos kiyat.
         Wabah penyakit demam berdarah niku kaggungan siklus wabah gangsal taun.

        Nyamuk Aedes Aegepthy limrahipun ngrembaka wonten ing mangsa rendheng.
        Awit  wonten  ing  mangsa  rendheng,  lumrahipun  kathah  toyo  ingkang  mambeg

        lan  mboten  saged  mili  kanthi  lancar  saengga  nyamuk  punika  ngendhog
        tumngkar wonten ing toyo toyo punika.

         Wonten  3  cara  kangge  mberantas  nyamuk  aidest  Aegepthy  ingkang  kondhang
        diarani  3M.  3M  inggih  punika  Menguras,  Mengubur  lan  Menutup.  Menguras

        maksudipun inggih menika nguras bak mandi saben 3 dinten sepindhah supados
        saged nugel proses ngrembakanipun nyamuk.  Menutup tegesipun nutup wadhah

        toyo  supados  mboten  saged  dinggeni  nyamuk  kangge  ngendhog.  Wodene
        menimbun inggih menika nguruk kaleng kaleng bekas supados nyamuk mboten

        saged ngendhong ing papan punika. Ingkang luih penting inggih menika saking
        awak  kita  piyambak  kedah  nggadahi  prinsip  nyegah  luwih  becik  tinimbang

        ngobati. Karana menawi sampun kengeng penyakit menika saged mlebet wonten

        ing  rumah  sakit  ingkang  mbetahaken  biaya  ingkang  mboten  sekedhik.  Lan
        menawi sampun parah saged ndamel tiyang menika tilar. Lan kita kedhah njagi
        karesikan awakipun piyambak, kedhah saged njagi karesikan wonten ing dalem

        utawi  wonten  ing  sak  ugeran  ngriya,  sakdereng  tilem  prayoganipun  kamar

        disemprot  rumiyin  ngngge  obat  anti  nyamuk  utawi  ngngge  krim  anti  nyamuk.
        Got  ingkang  toyonipun  mampet  kedhah  dipun  resiki  supados  mboten  dados

        paggonanipun nyamuk.



      MODUL INTERAKTIF  "TEKS NONSASTRA ARTIKEL"                                                     HALAMAN 9
   5   6   7   8   9   10   11   12