Page 2 - E MODUL
P. 2

PURWAKA







                       Kanthi  modul  punika  panyerat  ngaturaken  panuwun

               ingkang saageng-agengipun dhumateng Gusti Allah ingkang
               Maha  kuwaos.  Inggih  namung  awit  saking  berkahipun,

               panyerat  saged  mujudaken  e-modul    kanthi  irah-irahan  “E-

               MODUL  TATA  KRAMA  BASA  JAWA”.  Dene  pikajengipun
               panyerat  anggenipun  ndhapuk  e-modul  punika  sekedhik

               tumut  nguri-uri  kabudayan  Jawi.  Nguri-uri  kabudayan  Jawi

               kados  mekaten  punika  dados  tanggel  jawabipun  sedaya
               tiyang Jawi, kalebet panyerat e-modul punika.


                        Saklajengipun  ing  pangajab  mugi-mugi  e-modul  punika

               ageng  mupangatipun  kagem  masyarakat  Jawi  khususipun
               para siswa tingkat SMP/MTs ingkang badhe sinau basa Jawi.

               E-modul  punika  dipunserat  saking  ilmu  lan  pangetahuan

               ingkang dipunangsali panyerat salaminipun pendidikan, sarta
               bahan ajar saking sekolah-sekolah. Ananging sinaosa kados

               pundi         kemawon              e-modul          punika          taksih         kathah

               kekiranganipun,  pramila  panyerat  tansah  mawantu-wantu
               nyuwun  pamrayoginipun  para  pamaos  sedaya  ingkang

               saperlu  saged  kangge  njangkepi  kekiranganipun  e-modul

               punika.




                                                                         Pacitan, Agustus 2021








                                                                                         Panyerat







                                                                                                            1
   1   2   3   4   5   6   7