Page 1 - PEMANGGILAN PESERTA GELOMBANG 4
P. 1

BDR 3
                                                 MATERI RINENGGA

                A.  TUJUAN
                       1.  Peserta  didik    dapat  menyebutkan  berbagai  jenis  basa  rinengga  (Purwakanthi,
                          paribasan, bebasan, saloka, sesanti)

                       2.  Peserta didik dapat mengidentifikasi  basa rinengga yang terdapat dalam bacaan

                          (Purwakanthi, paribasan, bebasan, saloka)
                       3.  Peserta didik dapat memaknai basa rinengga yang terdapat dalam suatu bacaan


                   B.  LAMPIRAN MATERI

                     Basa rinengga yaiku basa – basa sing dipaesi utawa digawe luwih apik. (luwihendah

                     kanthi cara diowahi nganggo tembung lan ukara kang luwih alus, purwakanthi, parikan,
                     sesanti, paribasan, bebasan , saloka , tembung entar lsp).

                        Tuladha :
                     ➢  Majua sayuta ngarsa sakethi wuni : aku kroyoken

                     ➢  Wis ora bisa luntur ing  pitutur : ora kena dikandhani

                     ➢  Adoh sun awe cedhak sun raketi : dakundang
                     ➢  Katula – tula katali : cilaka terus – terusan

                     ➢  Sapa kang dadi sesambating wewangi : sapa jenengmu
                     ➢  Senajan  sakedheping  netra  kanggo  tamba  kangen  jroning  driya  :  senajan  sedhela

                         kanggo tamba jroning ati
                     ➢  Risang  pinanganten  kekalih  anglampahi  kembul  bujana  andrawirna:  panganten

                         sakloron lagi  dhahar bareng

                     ➢  Kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama : aku jaluk pangapura
                     ➢  Kersaa amucung sedaya kakirangan : apuranen aku

                     ➢  Wanita iku endah ing rupa : wanitu kuwi ayu

                     Paribasan , Bebasan lan Saloka
                         Paribasan

                         Yaiku tetembungan utawa unen – unen kang ajeg panganggone , mawa teges entar
                         nanging ora ngemu surasa pepindhan (Trasaswi, 1983: 19)

                         Tuladha :
                            a)  Yitna yuwana lena kena  tegese sapa sing ngati – ati bakal slamet, sapa sing

                                kurang wiweka bakal cilaka

                            b)  Ana catur mungkur tegese ora gelem melu urusaning liyan
   1   2   3   4