Page 2 - PEMANGGILAN PESERTA GELOMBANG 4
P. 2

c)  Kadang konang tegese ngaku sedulur yen katon sugih

                         Bebasan
                         Yaiku  tetembungan  utawa  unen  –  unen  kang  ajeg  panganggone  ,ngemu  surasa

                         pepindhan (Trasaswi, 1983: 18)
                         Tuladha :

                         a)  Nututi layangan pedhot tegese nututi barang remeh kurup karo rekasane

                         b)  Nglungguhi klasa gumelar tegese kari nemu kepenake
                         c)  Ngubak – ubak banyu bening tegese gawe rerusuh ing papan tentrem

                         Saloka
                         Yaiku Yaiku tetembungan utawa unen – unen kang ajeg panganggone ,ngemu surasa

                         entar lan  pepindhan (Trasaswi, 1983: 18)

                         Tuladha :
                        a)  Kebo nusu gudel tegese wong tuwa njaluk warah anak

                        b)  Ula nantang gebug tegese wong njarag marang bebaya
                        c)  Timun mungsuh duren yaiku wong cilik mungsug wong gedhe



                           Sesanti

                     Sesanti yaiku tetembungan utawa unen – unen kang ajeg panganggone ngemu surasa
                     piwulang , piweling lan pituduh.

                     Tuladha :
                      a.  BECIK ALA IKU MAPAN ANA BADAN PRIYANGGA DUDU SAKA WONG

                          LIYA

                      b.  SABAR LAN NARIMA MARGANING BASUKI, NGANGSA – ANGSA
                          MARAKAKE BRAKALA

                      c.  PANCASILA  : RILA, NARIMA, TEMEN , SABAR LAN BUDI LUHUR

                      d.  AJA DUMEH PINTER, TUMINDAKE KEBLINGER
                      e.  AJA DUMEH SUGIH, TUMINDAKE LALI KARO WONG RINGKIH

                      f.  AJA RUMANGSA BISA ANANGING BISAA RUMANGSA
                      g.  DURUNG  PUNJUL  KESELAK  JUJUL  (belum  lebih  keburu  ingin  panjang)

                          DURUNG PECUS KESELAK  BESUS ( belum bisa keburu bersolek)
                      h.  SINAU MACA KANTHI KACA (belajar membaca dengan kaca), SINAU MAOS

                          NGANGGO RAOS (belajar membaca dengan rasa)
   1   2   3   4