Page 8 - E MODUL_Neat
P. 8

BASA NGOKO ALUS







                   A. Pangertosan


                             Ngoko alus yaiku basa sing migunakake tembung-tembung


                         ngoko kacampuran tembung krama inggil. Tembung-tembung

                         sing kudu nggunakake krama inggil yaiku tembung-tembung

                         kang  ana  sambung  rapete  karo  wong  sing  dikurmati  utawa


                         diajeni.



                   B. Gunane basa ngoko alus ing pasrawungan, yaiku:


                          1.  Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni.

                          2.  Wong enom marang wong luwih tuwa sing wis raket.

                          3.  Ngajeni wong sing digunem.




                   C.  Paugeran basa ngoko alus, yaiku:

                              Tetembungane  ngoko  kacampuran  krama  inggil  tumrape


                         wong  kang  diajak  guneman  (Orang  kedua)  lan  wong  kang

                         digunem  (Orang  ketiga)  saperlu  kanggo  ngajeni/ngurmati.

                         Kosok  baline  tumrap  awake  dhewe  nganggo  tembung  ngoko

                         utawa  tembung  krama  andhap.  Dene  kang  digawe  krama,


                         yaiku:

                          a.  Tembung  sesulih  purusa  (kata  ganti  orang)  panjenengan

                              (tumrap  wong  kang  luwih  tuwa),  sliramu  (tumrap  wong

                              kang luwih enom), panjenengane utawa slirane.








                                                                                                            7
   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13