Page 7 - Teks Profil Tokoh
P. 7

...............................................................

                                                  ...............................................................
                     2    Prastawa
                                                  ...............................................................

                                                  ...............................................................
                     3    Reorientasi
                                                  ...............................................................


            Tugas 3:  Nyemak  Unsur  Basa   Teks Profil Tokoh

                1.  Jingglengana pethikan paragraf saka teks ”Raden Ajeng Kartini” ing ngisor
                    iki!
                    ”Raden    Ajeng  Kartini  miyos  tanggal  21  April  1879  ing  Jepara,  Jawa
                    Tengah.  Panjenengane  isih  klebu  golongan  kaum  priyayi  utawa  kaum
                    bangsawan,  jalaran  Raden  Ajeng  Kartini  putra  bupati  Jepara  kang  asma
                    Raden Mas Adipati Ario Sosroningrat lan ibune asma M.A Ngasirah.”
                   Coba bedakna antarane tembung-tembung iki!

                         tanggal, kaum, putra, isih,   klebu, golongan,
                         asma                          bangsawan, kaparingan

                  Supaya  bisa  mbedakake  tembung-tembung  ing  sajroning  kolom  kasebut
                  perlu  nyinaoni  wujude  tembung.  Manut  wujude  tembung    kaperang  dadi
                  loro, yaiku tembung lingga lan tembung andhahan.
                a. Tembung Lingga lan tembung Andhahan
                  1)  Tembung Lingga (Kata Dasar)
                      Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale.
                      Tuladha: omah, anak, putra, panas, dawa, sugih, lunga, tuku, klambi,
                      anyar, apik, sapu, banyu, lan sapanunggalane
                  2)  Tembung Andhahan (Kata Berimbuhan)
                      Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka asale.
                      Tuladha:  diparingi,  nulis,  nyapu,  gumuyu,  anake,  nggambarake,
                      nambani,    digawa,    nyapu,    ngombe,    nyawang,     nyolong,   lan
                      sapanunggalane.
                    Pangrimbage/Pandhapuke Tembung Andhahan:
                   Tembung lingga bisa owah dadi tembung andhahan  kanthi cara diwenehi
                   wuwuhan (imbuhan), dirangkep, lan dicambor.
                   a)  Wuwuhan
                      Wuwuhan kaperang dadi telu, yaiku:
                      (1) Ater-ater (Awalan)



            22                                                                                                                              Kirtya Basa VII
   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12