Page 439 - Perangkat Pembelajaran Bahasa Jawa buku III
P. 439

pamacane  gurit  sing  sora  lan  semangat,  beda  karo  yen  maca  geguritan  isi  kesusahan,

                         kasmaran pamacane ya kudu luwih alon lan sareh.
                      c.  Wirasa/Greged/ penjiwaan /pemahaman tegese isi geguritan, cocok/penere anggone  negesi

                         geguritan.  Wirasane  nalika  maca  kudu  kaetrepken  karo  isining geguritan upamane : nesu,

                         seneng, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
                      d.  Wiraga/Ekspresi/mimik yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing  badan, polatan, rasa.

                         Obahing  badan  lan  polatan  (mimik)  kudu  luwes  (ora  kaku),  prasaja  lan  ora  katon  lamun

                         digawe-gawe.


                   3)  Tata cara menehi jedha geguritan
                      a.  Tandha jeda ‘/’ ateges pamaca mandheg sedhela, lumrahe ana tandha koma utawa ing  tengah

                         gatra/baris.
                      b.  Tandha ‘//’ ateges pamaca kudu mandheg rada suwe, lumrahe ana ing tandha koma kang

                         manggon ing pungkasane gatra lan isih ana gegayutane karo gatra sabanjure.

                      c.  Tandha jeda ‘///’ ateges pamaca kudu mandheg suwe, lumrahe ing titik pungkasane  gatra
                         utawa ana ing pungkasane geguritan.










































                                                                                                                14
   434   435   436   437   438   439   440   441   442   443   444