Page 2 - bahasa jawa tembang macapat kelas 7 (2)_Neat
P. 2

TEMBANG








                                                                              MACAPAT


















                                            Mbabar wawasan









                                                          a. Pangertene Tembang Macapat.



                  Macapat yaiku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Diarani




   tradhisional amarga kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru



 lagu. Saben pada (bait) macapat nduweni baris ukara sing diarani gatra,



   lan saben gatra nduweni sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu,



   lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Macapat



   tegese maca papat-papat, yaiku carane maca andhegane saben patang



                                                                               wanda (suku kata).



                                                            b. Paugerane Tembang Macapat



    Tembangmacapat kalebu karya sastra kang nduweni daya kekuwatan



            lan kaendahan. Tembang macapat iku minangka salah siji wujud



      tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional,



                                       amarga kaiket ing aturan/paugeran tartamtu.



                            Paugeran-paugeran jroning tembang macapat, yaiku:



                1) Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada.



                        2) Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra.



                    3) Guru lagu yaiku tebaning swara ing pungkasaning gatra.








       Tembang macapat jinise ana 11. Saben jinis tembang macapat duwe




  paugeran dhewe-dhewe. Kanggo luwih cethane ngenani jinise tembang
   1   2   3   4   5   6   7