Page 9 - Teks Informasi Basa Jawa
P. 9
A. Pilihen jawaban sing paling bener!
1. Ukara ing ngisor iki tuladha teks pawarta wujud andharan ngenani
kedadeane …
A. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling
amba sadonya.
B. Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan
saka pokal gawene manungsa.
C. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe
sadonya.
D. Prahara banjir bandhang mau kelakon ing dina Selasa, 16
Agustus 2016 pukul 22.00 WIB
2. Ing ngisor iki titikane sesanti utawa slogan sing bener yaiku….
A. ukarane ngajak-ajak
B. ukarane mamerake
C. ukarane nyenengake
D. ukarane ngujuk-ujuki
3. Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku…
A. ukarane ngajak-ajak
B. ukarane mamerake
C. ukarane nyenengake
D. ukarane ngujuk-ujuki
4. Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise pariwara/iklan yaiku…
A. Ngundhuh wohing pakarti.
B. Gunakna banyu sacukupe!
C. Lemah longsor mendhem ewonan omah.
D. Ayo njaga lestarine alam.
8