Page 15 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 1)
P. 15

GLADHEN
                                               WULANGAN 1


                  A.  Pilihen jawaban sing paling bener!

                  Wacan ing ngisor iki wacanen kanggo mangsuli pitakon no 1 nganti 5!
                  ...................................
                           ”Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia”  ukara kuwi ing saben-saben
                  dina  pengetan  Lingkungan  Hidup mesthi  dikumadhangake  saindenge

                  donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba
                  sadonya.  Alas  tropis  mujudake  prodhusen  oksigen  sing  paling  gedhe
                  sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya.
                        Kanyatane  saiki  alas  ing  Indonesia  meh  kabeh  wis  rusak.  Rusake
                  alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam   lan saka pokal gawene
                  manungsa.  Rusak  merga  saka  bencana  alam,  umpamne:  gunung
                  mbledhos,  gempa  bumi/lindhu,  yen  rusake  amarga  kobong,  banjir
                  bandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokal gawene manungsa.
                        Panguripan  ing  ngendi  wae  mbutuhake  oksigen.  Ora  mung
                  manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat, sing bisa
                  mrodhuksi  oksigen  sing  resik  ya  tanduran  sing  subur.  Tanduran  bisa
                  subur yen lemahe uga subur. Subure lemah kuwi yen akeh humuse lan
                  cukup  banyune,  humuse  sing  akeh  asale  saka  godhong-godhong  sing
                  gogrog nutupi lemah, banyune akeh yen ana oyod-oyode wit gedhe sing
                  bisa  nandhon  banyu  sajroning  lemah.  Mulane  ayo  dilestarekake  alase
                  supaya tetep bisa dadi paru-parune donya.

















                  kaca 15                                                  Tantri Basa kelas 6
   10   11   12   13   14   15   16   17