Page 127 - Buku Ajar Basa Jawa
        P. 127
     Buta-buta galak
              Buta-buta galak, solahe lunjak-lunjak
              Ngadeg jingkrak-jingkrak nyandhak kanca nuli tanjak
              Ngadeg bali maneh, rupamu ting celoneh
              Kuwi buron apa taksengguh buron kang aneh
              Lhawong kowe we we sing marah-marahi
              Gawemu kok ngono di di
              Aku wedi ayo kanca padha bali
              Kae lho, kae lho mripate plerak-plerok rok rok rok
              Kae lho, kae lho kulite ambengkerok rok rok rok
              Mung kulite e e e ambengkerok
                                 (http://pradiptailmu.blogspot.com)
              Jaranan
              Jaranan jaranan, jarane jaran teji
              Sing numpak ndara bei
                                                                             Buku ini tidak diperjualbelikan.
              Sing nggiring para mantri
              Jreg jreg nong, jreg jreg gung
              Srek srek turut lurung
                                 (Dwidjahapsara, 2001:93)
              Kucingku telu
              Kucingku telu kabeh lemu lemu
              Sing siji abang sing loro klawu
           120 | Rian Damariswara





