Page 1 - Part 1 Geguritan_Neat
P. 1

WULANGAN


















               A.   Kawaosa kanthipermati!



                                                         GURITAN

               Menawi miturut Subalidinata (1994:45), geguritan inggih punika ranatamaning basa ingkang mèmper syair
               (syair Jawa gagrag énggal). Jinisipun Geguritan/Titikanipun geguritan saged kaperang dados kalih, inggih
               punika:

               1.  Geguritan gagrak lawas
                   Geguritan  punika  ngginakaken  basa  Jawa  kina  lan  kapérang  wonten  ing  pupuh–pupuh  tembang,
                   kawengku guru gatra, guru  lagu,  lan  guru  wilangan.  Geguritan   punika    ugi   kalebet  golonganipun
                   tembang utawi lelagon kang nganggé Purwakanti guru-swara.
                   Paugeranipun geguritan gagrag lawas inggih punika:
                   a.  Cacahipun gatra boten ajeg, nanging lumrahipun, sakedhikipun wonten sekawan gatra.
                   b.  Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami
                   c.  Dhong-dhing  utawi  guru  lagunipun  sadaya  manggèn  wonten  wekasanipun  gatra  runtut  inggih
                      punika nganggé purwakanti guru swara.
                   d.  Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan nganggé bebuka“sun gegurit” nanging boten ateges
                      saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” namung wonten
                      inggil piyambak.

                                                         tuladha:
                                               Sun  gegurit,
                                               Wateké wong kampung jati
                                               Bekti marang yayah wibi Setya
                                               marang sakèh janji







                                WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta       44
   1   2   3   4