Page 2 - Part 1 Geguritan_Neat
P. 2
2. Geguritan gagrag énggal
Geguritan gagrag énggal ngginakaken basa Jawa jaman sapunika lan dipunserat nganggé aksara latin,
lan sampun ngginakaken kertas/dluwang. Geguritan gagrag énggal boten kapérang wonten ing pupuh–
pupuh tembang lan boten nganggé tembung “sun gegurit”, sampun boten kawengku guru gatra, guru
lagu, lan guru wilangan, pramila jinising geguritan gagrag énggal punika saged dipunwastani puisi Jawa
bebas.
B. Geguritan ingkang saé prayoginipun ngemot unsur-unsur, inggih punika:
1. Kaéndahan
Kaéndahaninpun geguritan kadhapuk lumantar:
a. pamilihing tembung-tembung ingkang mentes, nges, lan pantes.
b. migunakaken leléwaning basa ingkang saged nuwuhaken greget lan raos ingkang kiyat
c. migunakaken purwakanthi ingkang saged mimbuhi kaéndahanipun.
2. Piwulang/Pendidikan
Geguritan kajawi ngemot kaéndahan, ugi ngemot piwulang. Kanthi geguritan, saged suka patuladhan lan
pitutur ingkang saé, sarta migunani kanggé sanguning gesang ing alam donya.
3. Nuwuhaken raos tresna
Geguritan prayoginipun saged nuwuhaken raos tresna ingkang migunani tumrap masyarakat, awit
lumantar geguritan saged nyuntak gagasan-gagasan tumrap majengipun nusa lan bangsa. Raos tresna
ingkang tuwuh inggih punika raos tresna dhateng sasaminipun manungsa, dhumateng Gusti Ingkang
Kawasa lan dhateng lingkungan.
4. Wetah
Isining geguritan kedah wetah lan nyawiji ing antawisipun pèrangan-pèrangan unsur ing geguritan, boten
saged madeg piyambak-piyambak.
C. Ingkang kedah dipungatosaken rikalanipun maos geguritan:
a. Wicara (basa, pakecapan)
Nalika maos geguritan pocapan kedah cetha, boten groyok, bléro utawi mangu-mangu. Kedah
saged ngucapaken aksara kanthi leres, upaminipun mbédakaken aksara a / o; t / th; d / dh; lan
sapanunggilanipun
b. Wirama
Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudutipun tiyang ingkang mirengaken. Sora
utawi boten iramanipun kaselarasaken kaliyan isining geguritan.
c. Wirasa
Wirasa katrepaken kaliyan isining geguritan, upaminipun: nesu, gumbira, susah, kejem, wibawa,
getun lan sapanunggilanipun
d. Wiraga (solah bawa, pasemon)
Ébahing badan lan pasuryan kedah dipungatosaken, kedah luwes (boten kaku) lan sampun ngantos
katingal kadamel-damel.
Supados wicara, wirama, wirasa lan wiraganipun saged saé, ingkang badhé maos kedah pados upaya
amrih mangertosi tegesipun tembung-tembung ingkang kaginakaken ing geguritan wau lan mangertosi
maknanipun.(kapethik saking warni-warni sumber)
WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta 45