Page 11 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat_Neat
P. 11
Padha karo karya sastra liyane teks crita rakyat uga duwe unsur-unsur kang mbangun crita
rakyat.
1. Tema
Tema yaiku idhe pokok utawa masalah utama kang ndasari lakuning crita. Tema iku
dadi perangan kang wigati ana ing teks sastra, mangkono uga ing crita rakyat.
2. Latar
Latar iku mujudake papan, wektu, lan swasana crita iku dumadi. Ana ing crita rakyat
latar iku ana 3, yaiku latar panggonan, latar wektu lan latar swasana. Latar panggonan yaiku
latar kang dadi papan panggonan crita iku kadadean ana ing crita kang dicritakake. Latar
wektu iku ngandharake wektu crita iku kadadean. Dene latar swasana iku nudhuhake
swasana nalikan crita iku kadadean.
3. Alur/Plot
Urut-urutaning prastawa utawa kadadeyan. Alur uga diarani lakuning crita. Alur iku
ana 3, yaiku alur maju, alur mundur, lan alur campuran. Alur maju iku wujude crita kang
maju saka wiwitan nganti pungkasan. Alur mundur iku wujude crita saka pungkasan nganti
wiwitan. Dene alur campuran iku wujude crita kadhang kala maju, nanging kadhang kala
mundur. Alur crita kaperang dadi bageyan-bageyan kaya ing ngisor iki:
a. Pengenalan bab situasi utawa kahanan crita.
b. Panjlentrehe kedadeyan.
c. Nuju ana ing konflik.
d. Pucuking masalah.
e. Rerampungan.
10 | S M P K E L A S V I I