Page 38 - Flipbook Crita Rakyat
P. 38

Banget kagete wong tuwane Joko Genthong meruhi anake ora ana ing omah, banjur

                digoleki  ing  desa-desa  sakiwa  tengene,  nanging  ora  ana  sing  ngerti  lungane  Joko

                Genthong menyang ngendi.



                       Joko Gentong sing wis nandhang lara lan sangsara anggone nglakoni lelakon iki,

                mampir ing sawijining papan kanggo semedi, ing semedi kasebut kacritakake yen awake

                Joko Genthong maleh dadi kuru, angel kanggo obah amarga wis ora duwe tenaga.



                                                                                    Nom-noman  sing  biyen

                                                                             dikagumi  wis  ora  katon  kaya

                                                                             biyen,  mung  meneng  wae,  mung

                                                                             kolo-kolo tangan lan sikile obah-

                                                                             obah kaya cacing. Weruh tangan

                                                                             lan  sikile  Joko  Genthong  obah-

                                                                             obah      kaya     cacing,     para


                                                                             pandhereke  bocah  wadon  mau

                                                                             banjur  kandha,  “wong  kok  kaya

                                                                             cacing”  lan  anehe  awake  Joko

                                                                             Genthong saya cilik  dadi  cacing
                 Sumber: Dening Panulis
                                                                             sing  banjur  pindhah  menyang

                sumber banyu banjur ilang.



                       Mula wong loro mau padha ngerti nasibe Joko Genthong lan matur marang cah

                wadon  yen  sumber  banyu  kasebut  jenenge  Kali  Cacing  kanthi  pangarep-arep  mbesuk

                sumber saka iku bisa migunani kanggo wong akeh. Amarga kesel, akhire diputusake adus

                sakdurunge nerusake perjalanan mulih.











        37 | S M P   K E L A S   V I I
   33   34   35   36   37   38   39   40   41   42   43