Page 76 - Kumpulan Soal Sumatif Tengah VII,VIII dan akhir semester genap IX
P. 76

SOAL SUMATIF TENGAH SEMESTER 2                                           Nama:
                                              KELAS  IX
                SMP KREATIF AN NUR TAHUN PELAJARAN 2023/2024                                        Kelas :


       I. Wangsulana pitakon- pitakon kanthi milih  wangsulan sing paling bener!
       1. Ing omahe mbah kuntha kang wis bolong kabeh gedhege lan uga bocor gendhenge akeh bocah cilik sing  padha
            cemruwit.
            Esuk iku bocah - bocah siap arep budhal ngamen.
            Eko lan Rudi   :  hahaha…ha ha ha…
            Mbah Kuntha : Heh, iki apa tha? Kok padha rame wae  awit mau takrungokake?
            Eko                   : Iki lho mbah! Ngguyu Ridho sing jarene pengin sekolah supaya bisa dadi dhokter. Apa ora guyu mbah?
                                      Hahaha….
           Pethikan teks drama ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu peranganane  . . . .
         a.  Eksposisi
         b.  Klimaks
         c.  komplikasi
         d.  ending

         2.  Ing waktu awan kuwi sing wis panas Eko, Ridho lan kanca-kancane sing isih ngamen ing prapatan lampu merah padha
              drodosan kringete gulune krasa garing, mula iku arep tuku es kanggo nelesi gulune. Nanging ora adoh saka karo ana
              bocah kang pinggir dalan lan katone lagi bingung.
              Paragraf ing ndhuwur miturut struktur teks kalebu perangane....

             a. Eksposisi                                  b. Klimaks                             c. komplikasi                           d. ending

              Mbah Kuntha: (Mbah Kuntha kang wis biasa ora tau dibasani karo bocah-bocah sing ana omahe, kejaba Ridho sing
                                         kulina basa karo wong sing luwih tuwa. Mbah  Kuntha uga mung bisa mesem)
              Ridho              : Mboten mas! Inggih kula tetep dodolan koran ugi saderengipun bidhal menyang sekolah. Mengke
                                         wangsul sekolah kula tumut mas-mas  ngamen. Supados saged bayar sekolah lan nyetor arta dhateng
                                         mbah Kuntha damel nedha.
          3. Pethikan teks drama rupa dhialoge Ridho ing dhuwur migunakake basa . . . .
               a. ngoko lugu                          c. ngoko alus
               b. krama lugu                         d. krama alus

         4. Pethikan teks drama rupa dialoge Mbah Kuntha ing dhuwur migunakake basa....
              a. ngoko lugu                          c. ngoko alus
              b. krama lugu                         d. krama alus

       5. Perangan ing teks drama lumrahe wujud teks gancaran njlentrehake ngenani ....

            a. latar              b. tema            c. plot                d. alur


       6. Obah mosike praen nalika maragake teks drama diarani . . . .

            a. interpretasi                          b. ekspresi                    c. olah tubuh                  d. olah vocal

       7. Sing kudu dilakoni nalika nulis teks drama sawise nemtokake tema . . . .

             a. golek inspirasi                               c. nemtokake tokoh
             b. nemtokake plot                          d. nulis teks drama



        8. Struktur teks drama sing ngrakit perkara/masalah rakitan crita drama wiwit awal nganti akhir diarani . . . .
             a. tema                                   b. tokoh                      c. plot                          d. amanat

       9. Teks sing ngandharake, nerangake, nggambarake sifat lan perilaku tokoh sing kudu diparagakake, latar/ setting nalika
            kedadean lumaku ing teks drama wujude

            a. gancaran                              b. dialog                      c. puisi                             d. geguritan
   71   72   73   74   75   76   77   78   79   80   81