Page 656 - PERANGKAT DIGITAL KELAS 3 SDN PUMA
P. 656

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) GANJIL TINGKAT SD/MI
                              TAHUN PELAJARAN 2023-2024 GUGUS II KECAMATAN BLIMBING
                                                          KOTA MALANG


              MATA PELAJARAN              : Bahasa Jawa                     WAKTU  : 60 Menit
              KELAS / SEMESTER            : III (Tiga) / 1 (Ganjil)         NAMA        : ………………

          I.  Wangsulana pitakon ing ngisor iki nganggo tanda (x) kanthi milih salah siji wangsulan sing bener!


                                                          Kawah Ijen

                       Rikala liburan akhir tahun kepungkur, Rini lan Bima diajak bapake plesiran. Ndilalah sing dipilih

               yaiku objek wisata alam Kawah Ijen. Kawah Ijen iku manggon ing dataran tinggi Ijen, mlebu tlatah
               Kabupaten Banyuwangi lan Kabupaten Bondowoso, Jawa Timur. Kawah Ijen mujudake objek wisata

               kawah sing wis dadi tlaga (danau) ing tengahe gunung sing amba banget. Banyune warna ijo, endah
               dinulu.

                       Kanggone Rini lan Bima, plesiran menyang objek wisata Kawah Ijen iki mujudake pengalaman

               kang nyenengake lan ora bisa dilalekake. Sadalan-dalan bocah loro bisa nyawang kaendahan ing alam.
               Ijone tetuwuhan lan gunung kang endah. Sawise tekan Kawah Ijen, Rini lan Bima kaget. Jebule sing

               plesiran ing kono ora mung wisatawan dhomestik. Wisatawan saka manca negara uga akeh sing mrana.
               Pancen Kawah Ijen mujudake salah sijine objek wisata unggulan ing Jawa Timur.



            1.  Rini lan Bima diajak bapake plesiran. Tembung plesiran tegese ......
                A.  Dolan                          B. Rekreasi                         C. Preian

            2.  Pengalaman sing dialami Rini lan Bima klebu pengalaman sing ......
                 A. Nrenyuhake                     B. Nyenengake                       C. Nyusahake

            3.  Nalika arep mlebu papan wisata kudu tuku ......
               A.  Kwitansi                        B. Nota                             C. Karcis

            4.  Sing klebu kewan ingon-ingon yaiku.......

               A. Gajah                            B. Macan                            C. Kucing
            5.  Yen matur karo Bapak utawa Ibu Guru becike kudu nganggo basa .....

               A. Ngoko lugu                       B. Ngoko alus                       C. Krama alus
            6.  Astane adhik lara. Astane benere ......

                A. Sikil                            B. Tangan                          C. Kuping

            7.  Tanduran bisa pancet seger amarga kerep di......
                A.  Dhaut                          B. Watun                            C. Siram

            8.  Adhiku atine Seneng oleh hadiah. Sinonime tembung kang dikandeli yaiku .....
                 A. Susah                          B. Bungah                           C. Sedih

            9.  Yen tuku jajan kudu diwaspadakake ….

               A. Resike                                B. Regane                      C. Rasane
            10. Papan kanggo jajan ing sekolah diarani .....

               A.  Warteg                          B. Cafe                             C. Kantin
            11. Sikile bapak kesandung watu.. Krama inggile sikil yaiku ....

               A.  Ampeyan                         B. Asta                             C. Rikma
   651   652   653   654   655   656   657   658   659   660   661