Page 2 - Kabudayan Jawa_ukbm2
        P. 2
     Atur Pangiring
                     Puji syukur ingkang tanpa upami katur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha
               Agung, ingkang tansah paring sih-tresnanipun dhumateng titah sedaya. Awit saking peparing
               welas  asih  ingkang  tanpa prabeda,  pangrantam  dalah  pandhapukipun  modul  UKBM  Basa
               Jawi menika saged kaleksanan.
                     Modul  UKBM  Basa  Jawi  kangge  siswa  kelas  11  SMA  menika  kadhapuk  wonten
               salebetipun  wekdal  dalah  kasagedaning panyerat  ingkang  sarwa  winates.  Namung  greget
               ingkang  makantar-kantar  saking  para  pandhapukipun,  mila  modul  kangge  siswa  kelas  XI
               SMAN  1  Malang  punika,  saged  maujud.  Bab  saged  kaleksanan  kanthi  panyengkuyung
               panyerat sedaya, konsultan, dalah paninthing. Kanthi pambudidaya menika, wusananipun
               Tim  MGMPS  SMAN  1  Malang  Propinsi  Jawi  Wetan  saged  ngrampungaken  panyerating
               modul punika.
                    Kanthi  ngrumaosi  bilih  buku  kangge  siswa  punika  taksih  tebih  saking  kasampurnan,
               taksih kathah lepat saha kekiranganipun, kula kaliyan Tim ngaturaken agunging pangaksami.
               Kangge  panyampurnaning  buku  menika,  sedaya  panyaruwe  sarta  pamrayoga  saking  para
               pamaos, kula antu-antu.
                                                                      Malang, 7 Juli 2020
                                                                            Pengrakit
                                                                            UKBM Kabudayan Jawa  2





