Page 15 - Geguritan_UKBM1
        P. 15
     Geguritan 2
                                                KALI GIRINDULU
                                                Dening F.X Hoery
                                                Kumricik tanpa wirama
                                                Ing mangsa ketiga
                                                Kebak panalangsa
                                                Pereng tebane pangarep
                                                Dadi kebukak tanpa elung
                                                Mangsane udan tumiba
                                                Pecahing kamurkan lubering kasangsayan
                                                Tan pinilih
                                                Kabeh katrejang
                                                Gumuruh campuh swara titir kenthong
                                                Kenthir kerem ing segara
                                                Pupuhing mangsa
                                                Kari cuwa lan panalangsa
                                            Nah, saiki kanggo ngasah
                                            kaprigelane dhewe-dhewe, ayo
                                            digarap gladhene
                                            Langsung klik wae….
                   UKBM 1 Geguritan                                                                 15





