Page 6 - Geguritan_UKBM1
        P. 6
     3. KEGIATAN PEMBELAJARAN
                   A. Pendahuluan
                      Sakdurunge sinau materi teks geguritan. Gatekna tuladha geguritan ing ngisor iki!.
                                                      Pahlawanku
                                                    (R. Tantiningsih)
                                         Pahlawanku
                                         Wutahing ludirmu
                                         Nyiram ibu pertiwi
                                         Nadyan sang ibu
                                         Kudu muwun sedhih
                                         Karajang-rajang manahe
                                         Karujit-rujit rasa pangrasane
                                         Pahlawanku
                                         Mugya Gusti paring nugraha
                                         Semana gedhene bektimu
                                         Jiwa raga, bandha donya
                                         Tanpa sisa
                                         Amung siji pangajabmu
                                         Merdeka
                   Didhudut saka https://rejekinomplok.net/geguritan-bahasa-jawa/
                   Pitakon-pitakon sing gegayutan karo geguritan ing dhuwur wangsulana kanti patitis!
                   1.  Apa kang dikarepake irah-irahan geguritan ing dhuwur Pahlawanku?
                        Coba terangna tegese kanthi ringkes!
                   2.  Manut panemumu, piweling apa sing arep disampekna pangurit ing geguritan
                       iku?
                   3.  Tema sing didapuk pangurit ing geguritan kasebut yaiku....
                   4.  Sebutna karakteristik geguritan ing dhuwur miturut panemumu!
                   5.  Apa sing dirasake (rasa/feeling) pangurit ing geguritan ing dhuwur!
                   UKBM 1 Geguritan                                                                  6





