Page 10 - Silsilah Eyang Tirto Soebroto
P. 10

Djaman tjilikanku ing Turen isih durung rame, omah arang-arang, sekolahan 2 kamar, kebon
              kopi  amba-amba,  ing  selane  ana  alias  tjilik-tjilik,  isih  ana  kidang  saba  menjang  kampong
              pinggiran. Mbakjuku Sutijah nalika isih umur 5 taunan, dipundut eyang menjang Madijun

              nganti 3 taunan.

              Bareng mbakjuku mulih menjang Turen aku diparani embah pengulu putri menjang Madijun.
              Ana Madijun nganti 1 ½ taunan.


              Djaman semono,embah kakung isih sugeng, embah putri isih akas lan selire embah Karsih
              pada bae karo embah putri. Lan kang ana ing pangulon; ibu Naib Pilang Kentjeng putrane 3
              jaiku mbakju (nj. Partowidjojo Lawang), mbakju Nok lan mas Prawoto.

              Bu Prawirongutomo ing landraadan – tjedak Bengawan Madijun -sing dak weruhi putane; Mas
              Mendung, Mas Ibenu, ju Anom, mas Rahmad, ju Pit, ju Ngatun. Ju Ngatun ing tembene
              sawise dadi  randa ping telu, banjur omah-omah lan mas Prawoto. Sakarone saprene pada
              omah ing kuta Madijun, kulon alun2 lormasjid. Kedjaba iku aku sok menjang daleme bapak
              Naib. Manisredjo kang wekasane dadi Naib kuta Madijun – M.B. Mohamad Djojo Besari lan

              menjang Sogatin – bu lurah Djojoprawiro adine bapak Sogatin iku ija Pagotan.

              Ana omah pangulon kantjaku dolan karo adik Suginun, mas Rahmad, mas Ibenu. Djaman
              semono aku durung sekolah, kesenenganku mung nonton wajang dalang Guno, bareng ana

              Madijun 1 ½ taun aku mulih menjang Turen, nuli wiwit sekolah.

              Watara 3 taun olehku sekolah nuli tamat klas IV. Taun 1899 aku nutugake sekolah klas I x)
              ing kuta Malang, ndjudjug klas V. Anggonku sekolah mung setaun, bandjur tamat. Taun 1900
              aku mlebu menjang Kweekschool Probolinggo. Sabene ing Kweekschool kono murid 4 klas
              iku mung isi 25. Nalika aku mlebu mung nampa murid 23. Gunggunge muride kabeh ana
              42.Nalika aku ana sekolah guru, guru landa 2, jaiku tuan AG. Boes lan C. Lekkerkerker guru
              Melaju  mas  Prijodipuro,  guru  Dj.  R.Asmono,  guru  basa  Maduro  M.Wingjosastro,  guru
              gambar ngiras ukur bumi M.Wongsowidjojo.


              Nganti metu sekolah, guru2 Djawa isih panggah, guru landa gont-ganti H. C. Cruis bandjur
              Uiterbruck.  Kalane  aku  ana  sekolah  rakjat  Malang,  gandenganku  karo  R.  Prajitno  saka
              Kepandjen  kang  wekasan  dadi  Asisten  wedono.  Pensijune  ana  Gondanglegi  tahun  1942.
              Kalane aku ana sekolah guru Probolinggo, mbelingku banget. Tuladane nalika taun 1902 aku
              klas  II.  Amarga  aras2-en  kakehan  apal2-an  aku  banjur  mbisu.  Untuku  dak  gegetake,  moh
              guneman. Ditambani dokterbola-bali, aku emoh guneman. Saka djengkeling Directeur aku
              diterake menjang rumah sakit militair ing Malang.


              Ana kana nganti sesasi,-waras -, nanging ora bali menjang Probolinggo, mulih menjang Turen.
              Let 2 minggu controleur Turen marani aku, dikon bali njang Probolinggo kanti aku disrengeni,

              Aku bali mulih njang Probolinggo.






              10
   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15