Page 5 - Teks DESKRIPTIF
        P. 5
     June 18, 2020  [ TEKS DESKRIPTIF]
                  CIRI TEKS DESKRIPTIF
                Kaya        ngapa        teks        sing
                nggambarake  obyek  kanthi
                gamblang lan rinci iku?
               Teks  sing  nggambarake  obyek  kanthi  gamblang  lan  rinci
               yaiku:
               1. Obyek sing digambarake nduweni sipat personal, dudu sing
               asipat  umum.  Umpamane nggambarake obyek  kucing.  Kucing
               sing  digambarake  kudu  cetha  kucinge  sapa,  tuladhane:
               Kucingku, Kucinge Yati, lan liya-liyane.
               2.  Obyek  digambarake  kanthi  konkret  lan  dirinci  bagian-
               bagiane.  Umpamane  arep  nggambarake  kucing  sing  sikile
               akeh, bisa nganggo ukara: kucingku sikile ana papat.
               3.  Umpamane  arep  nggambarake  sipat,  kudu  diandharake
               kanthi  cetha  sipate.  Menawa  arep  ngandharake  kucingku
               pinter, kudu cetha pintere sing kepiye. Tuladhane: Kucingku
               pinter, yen arep pup dheweke mesthi mlebu ning jedhing.
               Bocah-bocah,  sampun  cetha  ya,  apa  sing  diarani  teks
               deskripsi?
               Kanggo  ngasah  ilmumu  bab  teks  deskripsi,  mangga  saged
               mangsuli pitakenan ngisor iki.
                                                                          Shikhatun Nikmah, S. Pd.   5





