Page 2 - Teks DESKRIPTIF
        P. 2
     June 18, 2020  [TEKS DESKRIPTIF]
                                                 TEKS DESKRIPTIF
               APA IKU TEKS DESKRIPTIF??
               Bocah-bocah, sadurunge
               mangerteni tegese teks
               deskriptif, sumangga diwaca
               salah siji tuladha teks deskriptif
               Gunung Bromo ing ngisor iki!
                                            GUNUNG BROMO
                            Gunung  Bromo  yaiku  sawijining  obyek  wisata
                     gunung ing Jawa Timur sing banget nengsemake tumrap
                     para  wisatawan  dhomestik  lan  wisatawan  saka  manca
                     negara.        Gunung         Bromo        dumunung           ing      wilayah
                     pamarentahan  propinsi  Jawa  Timur  kang  dumadi  saka
                     patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan,
                     Lumajang  lan  Malang.  Dhuwure  gunung  Bromo  yaiku
                     2.392  meter  saka  lumahe  segara.  Gunung  Bromo
                     minangka  obyek  wisata  kang  wis  misuwur  ing
                     saindenging  donya  didadekake  icon  wisata  dening
                     pamarentah Propinsi Jawa Timur.
                                                                          Shikhatun Nikmah, S. Pd.   2





