Page 9 - E BOOK BHS JAWA X KD 3.4 ANISA NURAENI_Neat
P. 9
Wes paham ta, babagan materi
teks sastra lan non sastra? Yen
wis paham, ayo nyinau Pasinaon
2!
Pasinaon 2 : Ninthingi Basa Rinengga Sajrone Teks
Basa rinengga yaiku basa kang dipaes, direngga lan didandani supaya apik.
A. Garapan 1
SUNGKEMAN
Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang garwa sumarak wonten
ing ngarsanipun ingkang Bapa tuwin Ibu,tumuli sumungkem lan ngabekti nyuwun donga pangestu
anggenipun palakrama mugi tansah manggih bagya mulya,saget langgeng dumugi salami-laminya.
Bekti dhumateng ingkang Rama labet enget bilih ingkang rama wus sembada ngfukir jiwaraga dadya
lantaraning tuwuh.
Parandene sumungkem dumateng ingkang ibu labet enget bilih ingkang Ibu wus kinarya papanig
yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta
hanglelithing wiwit alit dumugi akir dewasa,bebasan cilik
digedhek.ke,bodho kapinterake.
Brool kanang waspa ingkang mijil saking anggenira temanten
kekalih,tumibeng ing pangkone ingkang rama lan ibu kadya
mutiara kang rinonce. kaladuk.e kang ngrumpaka basa
bebasan banjir luh sarah waspa sajroning sasana rinengga.
https://contohtekspranatacaraterbaru.blogspot.com/2016/08/contoh-teks-
panyandra-temanten-jawa.html
1) Tulisen tetembungan kang kalebu basa rinengga saka teks wacan ing dhuwur!
2) Klompokna tetembungan kang wus kotulis mau manut jinise basa rinengga!
No Basa Rinengga Tuladha sajroning teks
1 Tembung Saroja Donga Pangestu
2 … …
3 … …
4 … …
5 … …
TANGGAL NILAI TAPAK ASTA
9
GULA JAWA (Guyub Rukun Ngleluri Budaya Jawa)
SMA Brawijaya Smart School Malang-Kelas X