Page 8 - Geguritan_project
        P. 8
     Gladhen 1
                   Gatekna geguritan ing ngisor iki banjur wangsulana pitakone nganthi patitis!
                                                        RON GARING
                                        Wengi sansaya atis
                                        nalika aku sesingidan ing sajroning swara
                                        gamelan
                                        kang digawa dening angin
                                        prasasat tan kendhat
                                        anggonku kulak warta adol prungu
                                        ananging isih mamring
                                        aku wis pingin cecaketan
                                        obormu kang makantar-kantar
                                        madhangi jangkah lan jagatku
                                        ana ngendi papanmu
                                        lelana tapa brata
                                        tanpa pawarta tanpa swara
                                        aku kadya ron garing
                                        kumleyang kabur kanginan
                                        ing jagat peteng lelimengan
                                        krasa luwih abot
                                        anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
                                        mlakuku ora mantep
                                        kagubet ribet lan ruwet
                                        adoh saka cahyamu
                                        pedhut ing sakindering pandulu
                                        panjenengan
                                        guruku, sihku, oborku
                                        kancanana sukmaku sinau bab katresnan
                                        sajroning ati
                   Didhudhut saka :
                   http://menghormatiorangtua.blogspot.co.id/2012/03/puisi-bahasa-jawa-atau-gegur
                   itan.html
                   UKBM 1 Geguritan                                                                  8





