Page 12 - BAHAN AJAR BAHASA JAWA-dikonversi
        P. 12
     Tata  cara  lan  ubarampene  upacara  babaran  bisa  kasimak  kanthi  nyimak
                         sekunder  kang  ancase  nambah  tetembungan  lan  ngelmu  bab  ritual  adat  kang
                         gayut karo laire manungsa. Sejene iku bisa uga ndhapuk wirausaha budaya Jawa
                         yaiku  awujud  nyawisake  tandha  tresna  kang  ngiras  nguri-uri  budaya  Jawa,
                         nyawisake ubarampe, lan mernahake tata cara upacara-upacara kasebut.
                      3.  Tata Cara lan Ubarampe Adicara Mantu
                      Mantu tegese duwe ewuh ngemah-emahake putrane. Lumrahe tiyang sepuh
                  penganten putri kang kagungan damel.
                      a.  Tata Cara Mantu
                      Titilaksana upacara adat lan tradhisi mantu bisa digolongake dadi telung
                  babagan, yaiku:
                      1). Tata Cara Lamaran
                         a)  Nontoni yaiku ritual kanggo nonton bibit, bobot, bebet mligine kahanan
                            kulawarga dan calon penganten putri.
                         b)  Nglamar yaiku nemtokake jejodhoan bisa dilampahake utawa ora.
                         c)  Paningset yaiku pasrah sanggan lan kalpika minangka pangiket lan
                            pangentheng-ngentheng saking pihak calon penganten kakung.
                      2). Tata Cara Mantu
                         a).  Pasang  Tarub  yaiku  kulawarga  penganten  putri  nyiapake  papan
                         panggonan  kanggo  adicara  mantu  padatan  kapasang  tratak  lan  gapura  sing
                         dipasangi bleketepe, tarub, lan tuwuhan.
                         b).  Upacara Buwangan yaiku upacara kango nulak mala lumrahe kalaksanan
                         sadurunge  adicara  pawiwahan  mantu  supaya  nir  ing  sambikala  kalis  ing
                         rubeda pinaringan gancar sakabehane.
                         c).  Pasang tuwuhan yaiku ubarampe awujud tuwuhan kang dipasang ana ing
                         gapurane  pawiwahan.  Jinise  tetuwuhan  kang  dipasang  yaiku  setandhan
                         gedhang  raja  jangkep  karo  uwite,  cengkir  gadhing,  tebu  wulung,  godhong
                         kluwih, godhong apa-apa, godhong dhadhap srep, pari sawuli, kembang lan
                         woh kapuk, pengaron isi kembang setaman, lan janur.
                                                                                               12 | P a g e
               Wirausaha Budaya Jawa
               SMK XI Semester Gasal





