Page 16 - BAHAN AJAR BAHASA JAWA-dikonversi
        P. 16
     beras kuning, jagung, dhuwit receh, kembang sritaman, saperangan bumbon.
                            Tata cara adicara kacar-kucur diwiwiti saka penganten kakung nyuntak  sacara
                            alon-alon  sakabehane  ubarampe,  banjur  penganten  putri  nampani  nganggo
                            saklembar kain kalemekan klasa, kanthi lila legawa lan bakal setiti uga ngati-
                            ati ngrumati pawehane penganten kakung.
                         3). Tata Cara Ngundhuh Mantu
                          Sabanjure  adicara  mantu,  padatan  suwene  sepasar  (limang  dina)  kulawarga
                     penganten putra mboyong penganten kekalih ing daleme. Tata cara ngundhuh mantu
                     kasebut gumantung saka tiyang sepuh penganten kakung, bisa kalampahan nganggo
                     tata  cara  jangkep  lan  bebusana  penganten  utawa  mung  tata  cara  prasaja  lan
                     nggunakake  busana  nasional  (jas  lan  kebayak).  Ancase
                     ngundhuh mantu yaiku nepangake lan nyuwun donga pamuji para tangga tepalih
                     tumrap penganten kekalih.
                          Titilaksana  adicara  ngundhuh  mantu  ing  Solo-Yogya  kurang  luwih  kaya
                     mangkene: (1) pambuka, (2) pambagyaharja, (3) atur pangiring saka kulawarga
                     penganten  putri,  (4)tanggap  sabda  tumrap  atur  pangiring,  (5)  panutup
                     (Pringgawidagda, 2011:  138). Adicara ngundhuh mantu klebu ora wajib, mula
                     kuwi  akeh  sing  ora  nglampahi.  Padatan  tamu  saka  penganten  putra  uga
                     diundhang wektu adicara mantu.
                    b. Ubarampe Adicara Mantu
                         Pasrah  sanggan  duwe  ancas  kanggo  paring  paningset  tumrap  kulawarga
                    penganten  putri.  Gawan  sanggan  kapantha  dadi  telu  yaiku:  bakuning  paningset,
                    pangiring  paningset,  lan  abon-abon  paningset.  Ubarampe  kang  dipasrahake
                    minangka  pralambang  pangarep-arep  supaya  adicara  bisa  kalampahan  kanthi
                    gancar,  dadi  bebukaning  kang  becik  kanggo  calon  penganten  sakloron,  satemah
                    bisa gawe kulawarga bagya mulya. Pringgawidagda (2011) mbabarake ubarampe
                    pasrah  sanggan  kang  disarengake  adicara  lambang  kalpika,  kaya  mangkene
                    ubarampene:
                     1)  Kalpika yaiku ali-ali bunder gilig, boten sigar penjalin utawa mawi pedhotan.
                         Ateges tresnane penganten bisa awet, tan pedhot, saka donya tumeka delahan.
                     2)  Ageman putri sapengadeg kayata kebayak, nyamping, kotang, kendhit utawa
                         angkin,  lsp.  Tegese  penganten  kakung  bakal  nyukupi  kabutuhan  garwane,
                                                                                               16 | P a g e
               Wirausaha Budaya Jawa
               SMK XI Semester Gasal





