Page 19 - BAHAN AJAR BAHASA JAWA-dikonversi
        P. 19
     Gambar 13.
                           Upacara Brobosan (lumantar http://www.google.com/upacara brobosan)
                     e.  Ngesur Geblag
                         Upacara  ngesur  geblak  padatan  dilakoni  ing  wayah  sore  sabubare  mayit
                         dikubur. Ngesur geblag ngemu teges mindhahake alam donya menyang alam
                         akherat, manungsa bakale saka lemah bali menyang lemah. Ubarampe upacara
                         ngesur geblag yaiku sega wuduk, ingkung, gudhangan, dhele ireng,
                         Lombok abang, brambang, kembang kenanga, tumpeng ungkur-ungkuran, uyah
                         sing dialuske, lan krupuk rambak.
                      f. Nelung Dina
                        Yaiku  selametan  telung  dina  sabubare  jisim  disarekake.  Ubarampe  kanggo
                        upacara nelung dina yaiku sega asahan telung tampah, daging sapi kang digoreng,
                        sambel goreng, jangan menir, jenang abang, lan lelawuhan. Sakliyane kuwi uga
                        ana takir pontang sing diisi sega putih lan kuning, sudi kang isine kacang dawa,
                        thokolan, brambang diiris-iris, uyah sing dialuske, apem putih, dhuwit, lan gantal
                        cacah loro.
                    g.  Mitung Dina
                        Yaiku  selametan  pitung  dina  sabubare  jisim  disarekake.  Ubarampe  kanggo
                        upacara mitung dina yaiku apem, dhuwit receh, ketan, lan kolak diwadhahi takir.
                        Ubarampe liyane awujud sega asahan, daging sapi goreng, pindhang abang kang
                        dicampur  kacang  dawa  banjur  ditali  cilik-cilik,  jeroan  diwadhahi  conthong,  lan
                        pindhang putih.
                    h.  Matang Puluh
                        Yaiku selametan patang puluh dina sabubare jisim disarekake. Ubarampe upacara
                                                                                               19 | P a g e
               Wirausaha Budaya Jawa
               SMK XI Semester Gasal





