Page 22 - BAHAN AJAR BAHASA JAWA-dikonversi
P. 22
PENUTUP
A. RANGKUMAN
Ancas nglampahake upacara adat kanggone masarakat Jawa yaiku supaya
diparingi keslametan lan panguripan sing becik marang awake dhewe, kulawarga, lan
bebrayan. Upacara adat lan tradhisi Jawa miturut Negoro (2001) kapantha dados 3
jinis yaiku ritual pribadi, ritual umum, lan ritual negari.
Jabang bayi dislameti wiwit ana ing njero kandhutan, kanggo pangajab supaya
bisa lair kanthi slamet lan ora ana kurange. Manawa bayi wis lair banjur wong tuwane
nganakake slametan brokohan, sepasaran, selapanan, tedhak siten, lan nyapih ing
umur 2 taun. Sabanjure ana upacara supitan/tetesan kanggone anak kang ngancik
diwasa.
Titilaksana upacara mantu bisa kapantha dadi telu yaiku lamaran, mantu, lan
ngundhuh mantu. Ing saben adicara duwe ritual-ritual kang dadi pralambang
penganten kakung lan putri bakal nglampahi palakrama. Ubarampe ing upacara mantu
awujud sajen lan sanggan. Sajen yaiku ubarampe kang dadi jejangkepe ritual adat.
Manawa sanggan minangka wujud tanggung jawab calon penganten kakung tumrap
calon penganten putri sakulawarga.
Upacara sripah duwe ancas aweh pakurmatan kang pungkasan tumrap layon.
Tata cara upacara layon diwiwiti saka lelayu, ngrukti laya, surtanah, brobosan, ngesur
geblag, nelung dina, pitung dina, matang puluh dina, nyatus, mendhak pisan,
mendhak pindho, mendhak katelu/nyewu, kol-kolan, lan dipungkasi nyadran.
22 | P a g e
Wirausaha Budaya Jawa
SMK XI Semester Gasal