Page 18 - BAHAN AJAR BAHASA JAWA-dikonversi
        P. 18
     sejodho.  Ateges  kang  arep  jejodhoan  bisa  tanggung  jawab  tumrap  brayate,
                            kaya dene urip-urip.
                          Tata cara lan ubarampene adicara mantu bisa kasimak kanthi nyimak sekunder
                    kang  ancase  nambah  tetembungan  lan  ngelmu  bab  ritual  adat  kang  gayut  karo
                    jejodhoane  manungsa.  Sejene  iku  bisa  uga  ndhapuk  wirausaha  budaya  Jawa  yaiku
                    awujud nyawisake tandha tresna kang ngiras nguri-uri kabudayan Jawa, nyawisake
                    ubarampe,  pranatacara,  rias  manten,  pasugatan,  lan  mernahake  tata  cara  upacara-
                    upacara kasebut.
                  4.  Tata Cara lan Ubarampe Upacara Sripah
                      Ing ngisor iki kaandharake tata cara lan ubarampe upacara sripah.
                     a.  Wara-wara (lelayu)
                         Paweh kabar marang tangga teparo lan sanak kadang manawa kulawargane
                         kasripahan.
                     b.  Ngrukti Laya
                         Ngrumat jisim wiwit saka nyuceni, ngangkatke layon, lan ndongakake ing
                         sarean.
                     c.  Surtanah/Bedhah Bumi
                         Upacara nyawisake pasarean kanggo jisim sing arep dikubur.
                     d.  Brobosan
                         Upacara brobosan yaiku kulawarga layon mlaku mbrobos sangisore jisim sing
                         diangkat.  Lumarahe  upacara  brobosan  diwiwiti  saka  anak  lanang  mbarep
                         banjur  disusul  anak  wadon  lan  putu  lanang  uga  wadon  mbrobos  ing
                         sakngisore pethi nganti telung ubengan jumbuh karo mubenge pandom jam.
                         Ancase  upacara  brobosan  yaiku  kanggo  aweh  pakurmatan  kang  pungkasan,
                         nanging manawa layon isih bocah ora nganggo upacara iki.
                                                                                               18 | P a g e
               Wirausaha Budaya Jawa
               SMK XI Semester Gasal





