Page 20 - BAHAN AJAR BAHASA JAWA-dikonversi
P. 20
matang puluh ameh padha karo upacara mitung dina, ananging ana tambahan
yaiku kembang kenanga, dhele ireng, lombok abang wutuh, ingkung, sega wuduk,
rambak kulit, brambang sing wis dionceki, lan uyah.
i. Nyatus
Yaiku selametan satus dina sabubare jisim disarekake. Ubarampe lan tata cara
padha karo upacara matang puluh.
j. Mendhak Pisan
Yaiku selametan setaun sabubare jisim disarekake. Ubarampe lan tata cara padha
karo upacara nyatus.
k. Mendhak Pindho
Yaiku selametan rong taun sabubare jisim disarekake. Ubarampe lan tata cara
padha karo upacara mendhak pisan.
l. Mendhak Katelu (Nyewu)
Yaiku selametan telung taun sabubare jisim disarekake. Ubarampe padha karo
upacara matang puluh, ananging ditambahi daging wedhus lan manuk
dara sajodho. Sajen kanggo upacara mendhak telu yaiku klasa bangka, benang
lawe cacahe patang puluh, jodhog, clupak kang diisi lenga klapa lan diwenehi
sumbu, lenga klapa sakbotol, jungkat, serit, cepuk diiseni jlantah, kaca, kapuk,
menyan, gedhang raja setangkep, gula jawa setangkep, krambil wutuhan cacah
siji, beras saktakir, suruh lan ubarampe kanggo nginang, lan kembang boreh.
m. Kol/kol-kolan
Yaiku selametan kang dilakoni setaun sawise nyewu. Padatan upacara kol-
kolan dilakoni jumbuh karo dina lan sasi puput jiwane mayit. Ubarampe
kanggo upacara kol-kolan yaiku apem, ketan, lan kolak sing diwadhahi takir,
uga gedhang raja saktangkep, dhuwit, lan dhupa.
n. Nyadran
Nyadran yaiku jiarah kubur, lumrahe dilakoni sasi Ruwah sadurunge wulan
pasa kanggone wong Islam.
Tata cara lan ubarampene upacara sripah bisa kasimak kanthi nyimak
sekunder kang ancase nambah tetembungan lan ngelmu bab ritual adat kang
gayut karo puput jiwane manungsa. Sejene iku bisa uga ndhapuk wirausaha
budaya Jawa yaiku awujud nyawisake ubarampe lan mernahake tata cara
upacara-upacara kasebut.
20 | P a g e
Wirausaha Budaya Jawa
SMK XI Semester Gasal