Page 19 - E-modul Pawarta Basa Jawa
P. 19

Nanggapi Pawarta






                                  Tanggapan sawijining pawarta, bisa wujud pratelan utawi tulisan, kanthi ancas kanggo
                         njlentrehake panemu babagab apa kang dirungu utawa diwaca. Aweh tanggapan utawa
                         nanggepi pawarta ateges nelakake panemu gegayutan karo pawarta kang dirungokake utawa
                         diwaca.
                                  Supaya bisa aweh tanggapan isi pawarta kang becik, luwih dhisik kudu mangerteni
                         pokok-pokok isi pawarta utawa bakuning pawarta adhedhasar 5W+1H.
                                  Sawise mengerteninpokok-pokok isi pawarta, banjur bisa aweh tanggapan marang isi
                         pawarta kang disemak utawa diwaca. Dideleng saka isine, tanggapan isi pawarta nuduhake
                         pranyatan kang nelakake sarujuk, ora sarujuk, aweh panyaruwe (kritikan), muwuhi panemu
                         utawa asung pamrayoga gegayutan isining pawarta.
                                Tanggapan kang becik, yaiku:


                                 ●    Tanggapan kudu laras karo isi pawarta.
                                 ●    Aweh tanggapan kudu apa anane/ obyektif
                                 ●    Ngandharake tanggapan kudu sinartan pawadan (alesan)
                                 ●    Senajan ora sarujuk, aja nganti ngrasa tanggapane paling bener
                                 ●    Migunakake basa kang alus lan sopan
                                 ●    Migunakake basa kang rongkes, nanging cetha lan gampang dimangerteni liyan.
                                 ●    Tanggapan mujudake pranyatan/ pratelan
   14   15   16   17   18   19   20   21   22   23