Page 15 - E-modul Pawarta Basa Jawa
P. 15

Gladhen




                                                         Sultan Hb X Ngaturake Panuwun kagem Tenaga Medhis

                                  Yogyakarta, 12 Mei 2020
                                  Gubernur DIY, Sri Sultan Hamengkubuwana X, ngaturaken panuwun kagem tenaga medhis kang saiki ana
                         ing baris paling ngarep nangani virus corona. Pageblug corona akeh ngowahi babagan kauripan manungsa.
                                  Sultan HB X ngendika pageblug iki ora mung nggawa dhuhkita kanggo awake dhewe wae, ananging
                         pageblug iki uga nimbulake angele ekonomi kanggo akeh wong.
                                  “Kula ngaturaken matur nuwun sanget kagem para dokter, paramedis, perawat, lan tenaga medhis
                         sanesipun. Saged pun penggalih bilik menika saweg tempur, para tenaga medhis menika wonten papan paling
                         ngajeng, ingkang sejatosipun dados patriotipun bangsa”, andharane Sultan XB X, Selasa (12/5/2020)
                                  Para tenaga medhis iki, kerep ngelalekake keselametan dhewe kanggo tanggung jawab lan pengabdian.
                         Sultan ngendika, iki ora mung tempur nglawan corona, ananging perjuangan nerusake tatanan peradaban sing wis
                         dibangun suwe. Tekan saiki, ana 159 kasus positif COVID-19 ing Yogyakarta, 1.114 wong sing klebu PDP (pasien
                         dalam pengawasan), lan 5.547 wong sing kalebu ODP (orang dalam pemantauan)
                                                                                                   (https://kumparan.com/tugujogja)
                                Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!


                                 1. Pawarta iku ngandharake apa?
                                 2. Sapa kang diandharake ing pawarta iku?
                                 3. Ing ngendi dumadine pawarta iku?
                                 4. Kapan Sultan HB X ngaturake panuwun marang tenaga medhis?
                                 5. Apa sebabe Sultan HB X ngaturake panuwun marang tenaga medhis?
                                 6. Kepriye kasus positif covid-19 ing Yogyakarta?
   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20