Page 12 - E-modul Pawarta Basa Jawa
P. 12

Serapan Dana Desa Ngantos 98 Persen                            Irah-irahan

                               Bantul, 21 Januari 2017 – Kasilipun Desa Panggungharjo, Sewon, Bantul ing
                         babagan pengelolaan dana desa kangge karaharjaning masyarakat, nampi
                         kawigatosan   saking  Menteri  Desa   Pambangunan    Daerah   Tertinggal  dan     Teras Pawarta
                         Transmigrasi, dinten Jemuwah (20/1) siyang. Menteri Desa nindakaken sidak
                         dhateng Panggungharjo kangge ningali langsung cak-cakaning dana desa lan sistem
                         pertanggungjawaban.

                               Awit ngleresi tanggal kalihdasa, rawuhipun Menteri Desa Pembangunan
                         Daerah Tertinggal dan Transmigrasi, Eko Putro Sadjojo dipunpangayubagya dening
                         Bregada Wira Tamtama lan Langensari. Saben tanggal 20, staf kalurahan desa
                         Panggungharjo tansah ngangge busana adat, kangge mengeti Keistimewaan
                         Yogyakarta. Elokipun malih, Menteri Desa ugi kersa tumut upacara bendhera
                         dhateng plataran kalurahan, ingkang dipungelar kanthi satataning Adat Budaya
                         Jawa.
                               Eko Putro Sadjojo nelakaken sengaja boten suka cecala anggenipun badhe        Isi Pawarta
                         dhateng punika, awit badhe ningali kanthi langsung cak-cakanipun dana desa ing
                         Kabupaten Bantul, mliginipun ing Panggungharjo. Awit ing Kabupaten Bantul
                         serapan dana desa ing taun 2016 kepengker ngantos 98 persen. Bab menika dados
                         pawartos ingkang ngremenaken tumrap kementerian, awit kanthi serapan kados
                         mekaten pramila ndadosaken titikan bilih pembangunan daerah saged mindhak.
                         Sinaosa mekaten, saben lampahing pembangunan, desa kedah tanggel jawab.
   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17